Dina iki akeh kang ngarani dinane simbok. Saben tanggal 22 Desember mesthi padha ngrayakake. Kanggoku, dina apa wae kuwi dina kang spesial kanggo ngabekti marang ibu lan ora lali kanggo bapak. Sanadyan nganti saiki aku durung bisa agawe bapak ibu bombong, nanging sanjroning uripku, wong tuwaku iku ibarat lampu kang tansah nuntun kanggo mujudake apa kang dadi gegayuhanku.

Ibuku awit saka aku cilik nganti wis gedhe kaya saiki tansah ndidik lumayan teges babagan disiplin, contone pas jaman isih cilik aku kudu tertib turu awan, yen nganti wani-wani aku mlipir dolan neng ngomahe kancaku, siap-siap diparani karo dicengkiwing. Sing jenenge dijewer, diseneni, dicethot kuwi wis dadi pangananku saben dina. Dolan kuwi kena nanging yen wis wayah sore sakwise turu awan. Nggih, bu.. Saka didikane ibuku iki, saiki aku dadi cah disiplin yen pas disiplin.

Saben neng ngomah, bapak lan ibu ora mandheg anggone maringi pututur becik supaya aku dadi wong kang migunani tumraping liyan. Bapak mituturi babagan kautaman dadi wong Jawa kang njawani adhedhasar agama yaiku kudu dadi wong sing duweni pakarti becik, ora ilang jawane lan adhedhasar agama minangka dadi tuntunan. Yen karo ibu, aku pilih sinau carane masak sop karo sega goreng wae. 😀

Aku mulih ngomah kuwi rong minggu pisan amarga aku makarya ana ing Yoja, ketemu ibu mung rong dina. Nanging wektu rong dina iku aku luwih seneng neng ngomah ngobrol karo bapak ibu tinimbang metu dolan. Bengi sakdurunge ibu sare, aku seneng mijeti dhisik supaya ibu mari kesel lan tansah sehat.

Wingi critane aku mlaku-mlaku karo calon bojoku neng Malioboro ngeterake tuku kain kerudung. Pas neng toko kain iku aku kepincut salah sijine kain kang rumangsaku cocok tenan yen tak tumbasake kanggo ibuku, aku tuku rong meter banjur dakgawa mulih tak paringake ibu, ibu seneng tenan nampa kain saka aku, jarene pengen dijahit dhewe digawe daster. Sanajan ora sepira nanging isoh gawe ibu bungah wae aku melu bungah.

Ibuku iki unik, yen wancine aku ulang taun mesthi ngucapake sedina sakwise dinane. Mesthi ngunu, nanging kuwi ora papa amarga sing tak tunggu saka ibu kuwi dongane. Ing dina ulang taunku, aku ora tau sepisan wae ndonga kanggo awakku dhewe, ing dina kang apik kuwi aku nyenyuwun donga muga-muga bapak kaliyan ibu tansah pinaringan rahayu, sehat, lancar rejeki lan dawa umure. Cukup dongane wong tuwaku karo kancaku wae aku wis bungah.

Kira-kira pirang sasi engkas, kanthi mantebing kalbu aku bakal netepi salah sawijining kuwajiban urip ing bebrayan agung iki yaiku rabi. Ya, aku arep rabi! Haha.. Aku nyuwun dongane wong tuwa lan kanca-kanca muga-muga sukmben aku lan bojoku dadiya kluwarga kang ayem tentrem adoh saka sambikala lan godha.

Kagem ibu lan bapakku, kula minangka anak, ngaturaken salam pangabekti.

 

 

Sambisari, surya kaping 22 wulan desember.